Minggu, 08 September 2013
Jumat, 01 Maret 2013
Naskah MC Bahasa Jawa
SUSUNAN ACARA
PERINGATAN MAULID NABI MUHAMMAD SAW
MASJID AL-IKHLAS DESA BUMIHARJO
Assalamu’alaikum wr.wb.
A’udzubilahiminasyaithonirrajim,
Bismillahirrohmaanirrohim.
Alhamdulillahirobbil’alamin.
Wabihinasta’inu’alaumuuriddunyawaddain.
Assyhaduallailaahaillallah/Waasyhaduannamuhammadarrosululloh.
Robbisrohliisodrii wayassirlii
amrii wahlul’uqdatammmillisanii yafqohuqoulii.
Wassolatuwassalamu’alasayyidinaamuhammadinilmusthofaa/
Wa’alaa
aalihiwaashhabihiahlisidqiwalwafaa.Ammaba’du.
Wonten
pangarsanipun para allim ulama Alladzinahum miwwarosatulambiya ingkang kawula
ajeng-ajeng fatwa soho
mau’idhotulhasanipun.Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang kawula
hormati,wabil khusus dhumateng romo kyai Muhadi ingkang kula
ajeng-ajeng petuahipun.Ingkang kawula hormati Bapak Slamet minangka Kepala desa
Bumiharjo sak pamong prajanipun.Dhumateng para hadirin wal khadirot ingkang
sedaya kawula hormati.
Keparengo
kawula wonten mriki badhe maosaken runtute adhicara ing ndhalu menika
inggih menika adhicara pngetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Saderengipun adhicara
dipun wiwiti, sumonggo kitha sesarengan ngunjuaken raos syukur wonten
ing pangarsonipun Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan, kahormatan, saha taufik lan hidayahipun dhumateng kitha
sedaya sahingga kitha saged makempal wonten ing masjid Al Ikhlas kanthi
wilujeng tanpa alangan satunggal punapa. Sholawat
saha salam tansah kita sanjungaken wonten pangarsanipun junjungan kitha Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kitha mangantu-ngantu
syafangatipun ing Yaumul Kiyamah Allahumma. AMIN.........
Hadirin
ingkang kawulo hormati ,
Gegandhengan
kalihan wekdal ingkang sampun ndalu ,mulo adhicara
ing ndalu menika badhe kawulo waosaken.
Adhicara
ingkang sepindah inggih menika pambuka kanthi umul kitab
Adhicara
ingkang kaping kalih inggih menika sambutan-sambutan
Adhicara
ingkang kaping tiga inggih menika istirahat
Adhicara
ingkang kaping sekawan inggihn menika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
Adhicara
ingkang kaping gangsal inggih menika pengajian
Adhicara
ingkang kaping enem inggih menika waosan Al-Barjanji
Adhicara
ingkang kaping pitu inggih menika penutup do’a
Hadirin
ingkang satuhu dhahat kinurmatan,
Gegandhengan
wekdal sampun ndalu ,sumonggo kitha wiwiti adhicara ing ndalu menika ,adhicara
ingkang kaping satunggal inggih menika pambuka kanthi waosan umul kitab
sesarengan,Liridolillahita’ala..Alfatikhah………….
Hadirin
Rohimmakumullah,
Adhicara
ingkang kaping kalih inggih menika sambutan-sambutan,
Sambutan
ingkang sepindah inggih menika sambutan saking ketua panitia .
Dumateng
Bapak Milin kawula aturaken,sumonggo,
Matur
nembah nuwun dhumateng Bapak Milin ingkang sampun maringi petuahipun,
Sambutan
ingkang kaping kalih inggih menika sambutan saking Bapak Ta’mir masjid Al
Ikhlas.Dumateng Bapak Tarhim kawula aturaken,sumonggo,
Matur
nembah nuwun dhumateng Bapak Tarhim ingkang sampun maringi petuahipun,
Sambutan
ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saking Bapak Kepala Desa
Bumiharjo.Dhumateng Bapak Slamet kawula aturaken,sumonggo,,,,
Matur
nembah nuwun dhumateng Bapak Slamet ingkang sampun maringi petuahipun.
Hadirin
ingkang kawula hormati,
Adhicara
ingkang kaping tiga inggih menika istirahat
.........................................................
Hadirin
ingkang satuhu dhahat minulya,
Dening
adhicara ingkang kaping sekawan inggih menika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
ingkang dipun waos dening mas Taufik.Dhumateng mas Taufik kawula
aturaken,sumonggo…
Matur
nembah nuwun dhumateng mas Taufik ingkang sampun maos ayat-ayat suci
Al-Qur’an.Mugi-mugiyo kitho sedaya dipun paring pahala dening Allah SWT.
Adhicara
ingkang kaping gangsal inggih menika pengajian ingkang badhe dipunwedharaken
dening panjenenganipun romo kyai Muhadi. Dhumateng Bapak kyai Muhadi kawula
aturaken,sumonggo
Matur
nembah nuwun dhumateng Bapak Muhadi ingkang sampun maringi
fatwa-fatwanipun.Mugi-mugiyo kitho sedaya saged mendhet hikmahnipun.
Hadirin
ingkang kawula hormati,
Adhicara
ingkang kaping enem inggih menika waosan surah Al-Barjanji ingkang dipunimami
dening Bapak sobirin.Dhumateng Bapak Sobirin kawula aturaken sumangga..
Atur
nambah nuwun dhumateng Bapak Sobirin ingkang sampun maosaken surah-surah
Al-Barjanji.
Hadirin
ingkang kawula mulyaaken,
Adhicara
ingkang kaping pitu inggih menika penutup do’a ingkang dipun imami dening Bapak
kyai Muhadi.Dhumateng bapak kyai muhadi kawula aturaken,sumonggo.
Matur
nembah nuwun dhumateng bapak kyai Muhadi ingkang sampun nutup adhicara menika
.Mugi-mugi kitho sedaya dipun paringi wilujeng faddini waddunya wal
akhirot.Amin.
Hadirin
ingkang kawula hormati,mekaten adhicara Maulid nabi ing ndalu
menika,mugi-mugiyo kitho saged mendhet hikmahipun kangge ningkataken iman lan
islam kitha sedaya.
Kawula minangka prana
adhicara mbok bilih anggenipun matur kathah klentha-klenthunipun kawula nyuwun
agunging samudra pangaksama.Lan kawula atas nami sagenap panitia nyuwun
pangapunten mbok bilih anggenipun maringi papan palenggahan kirang mranani
dhumateng
para rawuh sedaya ingkang sampun kersa ndereaken adhicara punika ngantos
paripurna.
Akhirulkalam,Wabilahitaufik
wal hidayah,
Wassalamu’alaikum
wr.wb.
Upacara Tedhak Siten
TEDHAK SITI
Tedhak sitèn utawa tedhak
siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan.Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana,
contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku
Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan
"udhun-udhunan".
Tedhak sitèn
iku asalé saka tembung tedhak,
idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara
iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah
wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Sebabe Dianakaké
Upacara Tedhak
sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo
ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang
Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih
becik miturut weton.
Ubarampé Upacara Tedhak Sitèn
Ubarampé
kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
- Pengaron sing diisi kembang setaman.
- Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
- Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
- Pari sabengket
- Kapuk sabengket
- Piranti nulis
- Bokor kang diisi beras kuning
- Werna-werna jinis dhuwit
- "Perhiasan"
- Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
- Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
- Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
- Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
- Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
- Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
- Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
- Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
- Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.
Langganan:
Postingan (Atom)