Jumat, 01 Maret 2013

Naskah MC Bahasa Jawa




SUSUNAN ACARA
PERINGATAN MAULID NABI MUHAMMAD SAW
MASJID AL-IKHLAS DESA BUMIHARJO
                                                                                                

Assalamu’alaikum wr.wb.
A’udzubilahiminasyaithonirrajim, Bismillahirrohmaanirrohim.
Alhamdulillahirobbil’alamin. Wabihinasta’inu’alaumuuriddunyawaddain.
Assyhaduallailaahaillallah/Waasyhaduannamuhammadarrosululloh.
Robbisrohliisodrii wayassirlii amrii wahlul’uqdatammmillisanii yafqohuqoulii.
Wassolatuwassalamu’alasayyidinaamuhammadinilmusthofaa/
Wa’alaa aalihiwaashhabihiahlisidqiwalwafaa.Ammaba’du.
                                         
              Wonten pangarsanipun para allim ulama Alladzinahum miwwarosatulambiya ingkang kawula ajeng-ajeng fatwa soho  mau’idhotulhasanipun.Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang kawula hormati,wabil khusus dhumateng romo kyai Muhadi ingkang kula ajeng-ajeng petuahipun.Ingkang kawula hormati Bapak Slamet minangka Kepala desa Bumiharjo sak pamong prajanipun.Dhumateng para hadirin wal khadirot ingkang sedaya kawula hormati.

              Keparengo kawula wonten mriki badhe maosaken runtute adhicara ing ndhalu menika inggih menika adhicara pngetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Saderengipun adhicara dipun wiwiti, sumonggo kitha sesarengan ngunjuaken raos syukur wonten ing pangarsonipun Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan, kahormatan, saha taufik lan hidayahipun dhumateng kitha sedaya sahingga kitha saged makempal wonten ing masjid Al Ikhlas kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal punapa. Sholawat saha salam tansah kita sanjungaken wonten pangarsanipun junjungan kitha Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kitha mangantu-ngantu syafangatipun ing Yaumul Kiyamah Allahumma. AMIN.........




Hadirin ingkang kawulo hormati ,
Gegandhengan kalihan wekdal ingkang sampun ndalu ,mulo adhicara ing ndalu menika badhe kawulo waosaken.
Adhicara ingkang sepindah inggih menika pambuka kanthi umul kitab
Adhicara ingkang kaping kalih inggih menika sambutan-sambutan
Adhicara ingkang kaping tiga inggih menika istirahat
Adhicara ingkang kaping sekawan inggihn menika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
Adhicara ingkang kaping gangsal inggih menika pengajian
Adhicara ingkang kaping enem inggih menika waosan Al-Barjanji
Adhicara ingkang kaping pitu inggih menika penutup do’a

Hadirin ingkang satuhu dhahat kinurmatan,
Gegandhengan wekdal sampun ndalu ,sumonggo kitha wiwiti adhicara ing ndalu menika ,adhicara ingkang kaping satunggal inggih menika pambuka kanthi waosan umul kitab sesarengan,Liridolillahita’ala..Alfatikhah………….

Hadirin Rohimmakumullah,
Adhicara ingkang kaping kalih inggih menika sambutan-sambutan,
Sambutan ingkang sepindah inggih menika sambutan saking ketua panitia .
Dumateng Bapak Milin kawula aturaken,sumonggo,
Matur nembah nuwun dhumateng Bapak Milin ingkang sampun maringi petuahipun,
Sambutan ingkang kaping kalih inggih menika sambutan saking Bapak Ta’mir masjid Al Ikhlas.Dumateng Bapak Tarhim kawula aturaken,sumonggo,
Matur nembah nuwun dhumateng Bapak Tarhim ingkang sampun maringi petuahipun,
Sambutan ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saking Bapak Kepala Desa Bumiharjo.Dhumateng Bapak Slamet kawula aturaken,sumonggo,,,,
Matur nembah nuwun dhumateng Bapak Slamet ingkang sampun maringi petuahipun.


Hadirin ingkang kawula hormati,
Adhicara ingkang kaping tiga inggih menika istirahat
.........................................................
Hadirin ingkang satuhu dhahat minulya,
Dening adhicara ingkang kaping sekawan inggih menika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang dipun waos dening mas Taufik.Dhumateng mas Taufik kawula aturaken,sumonggo…
Matur nembah nuwun dhumateng mas Taufik ingkang sampun maos ayat-ayat suci Al-Qur’an.Mugi-mugiyo kitho sedaya dipun paring pahala dening Allah SWT.

Adhicara ingkang kaping gangsal inggih menika pengajian ingkang badhe dipunwedharaken dening panjenenganipun romo kyai Muhadi. Dhumateng Bapak kyai Muhadi kawula aturaken,sumonggo
Matur nembah nuwun dhumateng Bapak Muhadi ingkang sampun maringi fatwa-fatwanipun.Mugi-mugiyo kitho sedaya saged mendhet hikmahnipun.

Hadirin ingkang kawula hormati,
Adhicara ingkang kaping enem inggih menika waosan surah Al-Barjanji ingkang dipunimami dening Bapak sobirin.Dhumateng Bapak Sobirin kawula aturaken sumangga..
Atur nambah nuwun dhumateng Bapak Sobirin ingkang sampun maosaken surah-surah Al-Barjanji.

Hadirin ingkang kawula mulyaaken,
Adhicara ingkang kaping pitu inggih menika penutup do’a ingkang dipun imami dening Bapak kyai Muhadi.Dhumateng bapak kyai muhadi kawula aturaken,sumonggo.
Matur nembah nuwun dhumateng bapak kyai Muhadi ingkang sampun nutup adhicara menika .Mugi-mugi kitho sedaya dipun paringi wilujeng faddini waddunya wal akhirot.Amin.
Hadirin ingkang kawula hormati,mekaten adhicara Maulid nabi ing ndalu menika,mugi-mugiyo kitho saged mendhet hikmahipun kangge ningkataken iman lan islam kitha sedaya.
Kawula minangka prana adhicara mbok bilih anggenipun matur kathah klentha-klenthunipun kawula nyuwun agunging samudra pangaksama.Lan kawula atas nami sagenap panitia nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun maringi papan palenggahan kirang mranani
dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa ndereaken adhicara punika ngantos paripurna.
Akhirulkalam,Wabilahitaufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum wr.wb.

                                                                                  

Upacara Tedhak Siten

TEDHAK SITI

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan.Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Sebabe Dianakaké
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé Upacara Tedhak Sitèn
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
  • Pengaron sing diisi kembang setaman.
  • Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
  • Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
  1. Pari sabengket
  2. Kapuk sabengket
  3. Piranti nulis
  4. Bokor kang diisi beras kuning
  5. Werna-werna jinis dhuwit
  6. "Perhiasan"
  • Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
  • Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
  • Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
  • Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
  • Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
  • Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
  • Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
  • Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
  • Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.